Senin, 13 Mei 2013

diudak nganggo driji

Mangkat ronda Krewul mampir angkringane pakdhe mBlonot. Lungguh ngedingkrang, pesen wedang,"Kopi panas segelas pakdhe!!"
Nanging sik mecungul mak cumris bocah cilik. "owala.... mBojrot??"
"enggoh pak Krewul... bapak nembe ten wingking!!"
"Trembelane... gawekne kopi nasgithel Jroot...!"
Ora suwe mBojrot ngladekne kopi kemebul. Biyuuhhh nyamlenge... jan. Disruput sithik........ biyuuhhh puuuaaaiiit pol. Bareng disetitekne pranyata durung di udak... jan trembelane tenan.
"mBojrooooott!!!! jan karepmu kuwi kepriye??wedang puanas pol ora diudak, sendoke yo ora ana. nek tak udak nganggo driji opa ora mlocot dudingku!!!"
"sepuntene pak!!!"wedang kopi nuli digawa memburi.Ora antara suwe mBojrot ngladekne kopi maneh. Enggal disruput, ... weelha puaiiit pol.Jebul durung diudak maneh.
"mBojroooot!!!!!???kepriye karepmu cah!!! urung diudak maneh ora diwenehi sendok!!!! Jan trembelane"
"Tapi mpun kula jeguri es pak..... mpun asrep pak, dijamin dudinge mboten mlocot nek kangge ngudek"
...................%^$%#$#$$@$#$%$^&%*)_)_)*&*^R$$$@$
Foto: Mangkat ronda Krewul mampir angkringane pakdhe mBlonot. Lungguh ngedingkrang, pesen wedang,"Kopi panas segelas pakdhe!!"
Nanging sik mecungul mak cumris bocah cilik. "owala.... mBojrot??"
"enggoh pak Krewul... bapak nembe ten wingking!!"
"Trembelane... gawekne kopi nasgithel Jroot...!"
Ora suwe mBojrot ngladekne kopi kemebul. Biyuuhhh nyamlenge... jan. Disruput sithik........ biyuuhhh puuuaaaiiit pol. Bareng disetitekne pranyata durung di udak... jan trembelane tenan.
"mBojrooooott!!!! jan karepmu kuwi kepriye??wedang puanas pol ora diudak, sendoke yo ora ana. nek tak udak nganggo driji opa ora mlocot dudingku!!!"
"sepuntene pak!!!"wedang kopi nuli digawa memburi.Ora antara suwe mBojrot ngladekne kopi maneh. Enggal disruput, ... weelha puaiiit pol.Jebul durung diudak maneh.
"mBojroooot!!!!!???kepriye karepmu cah!!! urung diudak maneh ora diwenehi sendok!!!! Jan trembelane"
"Tapi mpun kula jeguri es pak..... mpun asrep pak, dijamin dudinge mboten mlocot nek kangge ngudek"
...................%^$%#$#$$@$#$%$^&%*)_)_)*&*^R$$$@$

0 komentar:

Posting Komentar

Postingan Populer

Popular Posts