Dina
iku mBojrot mancing maneh. Ning apes, sedina muput mung entuk siji iwak
bethik sak epek-epek bayi. Tekan ngomah iwak di benem neng mawa pawon
tanpa di betheti. Bingung ora ngerti arep di bumboni apa akhire mBojrot
niyat nggawe sambel iwak. Lombok ijo
sejinah di delehne lemper nuli diuleg campur uyah. Sakwise lembut iwak
siji olehe mancing sik wis dibenem nuli diuleg uga dadi siji karo
sambel. Biyuhhhhh ambune enak polll. Sega sepiring akhire pindah neng
weteng. Mung gari sa emplokan mBojrot nontoni sambel iwak mau. Aneh mau
lomboke ijo kabeh ning iki khok ana lombok abange??? gek saka ngendi??
)(*(*&^&%^$#@!$#$#$$%$^&*(&&^&%$@#@##@$
)(*(*&^&%^$#@!$#$#$$%$^&*(&&^&%$@#@##@$

0 komentar:
Posting Komentar