Biyuuhhh
ana pertunjukan wayang kulit. jan rame tenan. kuaaabeh do nonton.
semono uga mBojrot. ning kanggone mBojrot, wayang kulit iku sik di
senengi yo sajene pak dhalang. mula mBojrot mung klinteren neng mburi
kelir. Ning rikala tangane kumlawe arep
njupuk gedang ambon sik guedi, pak dhalang siyaga nuthuk tangan mau
nganggo cempala. mBojrot pringisan. dheweke ngigit-igit banget. mBojrot
mesem dadakan nalika ngerti dalange ora nganggo kathok.nylingker sedela,
mbalik nggawa kayu dawane sedepa.Sarunge dhalange rada nyingkap kanggo
nggampangke nggejroh keprak.Kanthi dedemitan mBojrot nyedak mburi kelir
pas neg ngarepe dhalange, nuli kayu ditlorongake pas anune
dhalange.Dhalang kaget kepati, mbekuh. Karepe arep muring-muring ning
nalika kaget ora sengaja sikila nglumba njejak keprak. Para niyaga kaya
diabani nuli nyaut kanthi gending sampak. pak Dalang kepeksa nglakokne
wayang sairama gending gamelan. mBojrot santai wae ngukuti sajen dhalang
dibontrot sarung..........
@#$@#$%^%^&*&^&*(*&^%$
@#$@#$%^%^&*&^&*(*&^%$

0 komentar:
Posting Komentar