Rabu, 10 Juli 2013

tuku roti

Biyuuhhh nganti jam sewelas durung mangan rasane kluwen tenan. Weh arep tuku roti males neng warung. nek kongkonan mBojrot dadak ngopahi.... jan.
"Jroot... rene nang... iki tukokno roti bolu 2. engko siji nggo kowe yo!!"
"inggih pak..!!" bocahe nginthik mlayu nang warung nggawa dhuwit telung ewu saka aku.
Rada suwe bocahe balik karo nyomak-nyamuk mangan roti katon nikmat.
"pak Rotine kantun setunggal..... niki susuke kula wangsulaken!!" ujare mBojrot karo ngulungake dhuwit sewulimangatus.
Jaaaaaaaaaan trembelane... diapeki aku!!!!!..........
%^&*&^&*&^%$#$%^&*()(*&^%$#$%^&*
Foto: Biyuuhhh nganti jam sewelas durung mangan rasane kluwen tenan. Weh arep tuku roti males neng warung. nek kongkonan mBojrot dadak ngopahi.... jan. 
"Jroot... rene nang... iki tukokno roti bolu 2. engko siji nggo kowe yo!!"
"inggih pak..!!" bocahe nginthik mlayu nang warung nggawa dhuwit telung ewu saka aku.
Rada suwe bocahe balik karo nyomak-nyamuk mangan roti katon nikmat.
"pak Rotine kantun setunggal..... niki susuke kula wangsulaken!!" ujare mBojrot karo ngulungake dhuwit sewulimangatus.
Jaaaaaaaaaan trembelane... diapeki aku!!!!!..........
%^&*&^&*&^%$#$%^&*()(*&^%$#$%^&*

0 komentar:

Posting Komentar

Postingan Populer

Popular Posts