Minggu, 22 September 2013

kapusan

ana wong lanang setengah umur teka nang angkringane bapakne mBojrot.
"Nang kowe ngerti omahe lik Karyo??"
"Ngertos pak ... wong niku bapak kula.....!!"
"Nyoh tak keki 10 ewu aku terna neng omahe lik Karyo!!"
"monggo Pak........."
wong loro terus mlaku reruntungan. rongpuluh menit akhire tekan omahe bapakne mBojrot.
"lha khok sepi........ bapakmu ngandi nang?"
"lha njenengan madosi griyane bapak kula napa bapak kula??"
"lha yo bapakmu to naaang .. nang!!"
"lha nek bapak nggih teng angkringan wau... nembe isah-isah ten wingking....!!!"
%^&*(*&^%$%^&*()*&^%$#$%$#$#@#@#$

0 komentar:

Posting Komentar

Postingan Populer

Popular Posts