mBojrot mulih sekolah tekan ngomah gage-gage nggoleki bapakne, Karyo.
mBojrot: Pak, neng njaba enten tiyang sampun sepuh mesakne banget pak.... tiyange bengak-bengok terus, suwantene jian.... marakne melas pak. Kula nyuwun artane Rp. 3.000 mawon ajeng kula paringaken tiyang niku angsal boten pak...?
Karyo: Wah, kadingaren nang.... yo ngono kuwi dadi uwong kudu demen tetulung marang liyan. Jan... anakku tenan kowe cah bagus.
Nyoh... duwit telung ewu iki wenehna simbah kuwi.
mBojrot: (nampa duwit saka bapake, banjur gage-gage njranthal arep metu saka ngomah).
Karyo: Kosik cah.... simbah-simbah kuwi mau bengak-bengoke piye nJrooottt....?
mBojrot: (karo mlayu mangsuli bapake) mBengokipun Es Krim.... Es Krim... sapa tuku Es Krim... Ngoten pak.
Karyo: !@#%$^&&&^%$#@!@#$%$@#
____________________________________________________
(kiriman mas @agus sisyanto) — bersama Cak Trisaja dan 49 lainnya.

0 komentar:
Posting Komentar