Kamis, 17 Juli 2014

nGompol

"mBojrot...!!!!"
"hadir bu guru...!!"
"mBlonot......!!!!"
"ada bu guru...!"
"mBedik...!!!"
"inggih bu hadir...!!"
"mBlubut...!!!"
"Kula bu....!!!"
"ngKrepyekkkk.....!!!"
Suwe ora ana wangsulan.
"ngKrepyekkkk.....!!!"
"mboten wonten bu.... kalawau ketingale ngKrepyek ten perpustakaan...!!" sumaure mBojrot.
"wah bocah sregep tenan iki, istirahat nyang perpustakaan, yo ngono kuwi cah... kena kanggo conto bocah sing pinter...!!!"
Meneng-meneng mBojrot nylingker metu saka kelas nuju perpustakaan. Sepi ora ana uwong. Bu Guru Lenjing Tumiyati sing tugas jaga perpustakaan kayane lagi mulang kelas siji. mBojrot meh mbalik, nalika dumadakan keprungu swara wong ngorok. Kanthi alon mBojrot mlebu perpustakaan deretan mburi. Katon si ngKrepyek lagi ngglethak neng kursi mburi turu angler. mBojrot mesem, dheweke nuli njupuk wedange Bu Guru Lenjing Tumiyati. Wedang teh sing lagi disripit sithik iku diombe sajak seger, turahane isih separo digrujugne ngKrepyek pas nggon clana bagiyan ngarep, blambangan tekan jogan. ning ngKrepyek meksa durung tangi.
mBojrot nuli bali nang kelas matur bu guru. Wong sekelas akhire pada gemrudug nyang perpustakaan.
ngKrepyek di gugah karo di suraki.....
"ngKrepyek ngompooolllll.........!!!!!"
ngKrepyek tangi njenggirat, plola-plolo kaya kethek ditulup nuli clengerrr nagis sakkayange............... isiiiiiiiinnn ayake.

Foto: "mBojrot...!!!!"

!@#$%^&*()(*&^%$#$%^&*()(*&^%$#$%^&*(

0 komentar:

Posting Komentar

Postingan Populer

Popular Posts