simbahne si mBojrot eka. Sore iku kuaaabeh anak lan putune ngumpul, ing kalodangan iku mBah mBojrot paring wejangan karo wedangan,,,,,,,,,,,,
"Putuku bocah bagus, pada gatekna pituturing urip.. Simbah arep paring sangu nggo kowe kabeh, mumpung Gusti isih kersao paring umur dawa.. Pada gatekna sing tenan yo nggér..!
Nggér cah bagus, urip neng ndonya kuwi sejatine mung mampir ngombe. Sing jenenge wong mampir mesti bakal neruske laku. Dadi, ngombeo sak cukupmu terus jupuken gawenen sangu..!
Lelakuning urip menungsa ora bisa adoh seka sing jenenge pati, mula kui, pada akeh-akehno leh'mu golek sangu nggo akheratmu. Kuwi omahmu sing sakbenere..
Putuku sing bagos dewe, pisan-pisan ojo nganti koe silap ambi padanging ndonyo.. Ngertenono yo Le, sejatine padanging ndonya kuwi nyilapke alam pikirmu, ngrusak bebenermu, ngepyurke atimu..
Thole anakku, podho sekolaho sing dhuwur, dadio wong sing migunani, iso gawe senenge simbok bapakmu..!!
Anakku cah bagus, mbesuk nek Gusti Pangeran paring koe bondo sing luwih lan pangkat kang dhuwur, ojo lali asal usulmu yo Le.. Ojo dumeh wis dadi wong mulyo, terus koe lali..!!
Dadio wong sing jembar dadamu, resik atimu lan bening pikirmu.. Ojo pisan-pisan dadi menungso sing serakah nguber banda, aja pisan-pisan dadi menungsa sing kedanan pangkat.. Delehna ndonya cukup mung ono tanganmu, aja mbok delehne neng atimu, mesthi kowe dadi menungsa sing linuwih ana ngarepe Gusti Allah lan menungsa kabeh..
Putuku bocah bagus, saiki koe kabeh wis pada gede, simbok bapakmu wis ora kuat meneh nggendong koe. Mripatku yo wis ora bening meneh nyawang kowe kabeh. Adoh opo cedak, sing jelas aku, simbok bapakmu mesti mulih disik marang Gusti.. Uripo sing bener yo anakku cah bagus..!
Uripa sing bener, ojo pisan-pisan nabrak angger-anggere Pangeran..muga-muga mulya uripmu, tansah diparingi pangayomane Gusti Kang Akaryo Jagad... — bersama Siti Narimah dan 48 lainnya.

0 komentar:
Posting Komentar