Yen
kelingan kedadeyan mangsa rendeng wingi Krewul mesam-mesem. Nalika
semana bapake kanda,"Wul...latar iring kidul iku paculana, rak kena
ditanduri tela rambat!!"
"Moh pak wong tilas nggo mbuang uwuh karo disaba ayam, paling mengko telane mambu raenak dipangan!!"
Akhire bapakne dhewe sik pethakilan maculi lan nandur tela rambat.
Ora nyana tela rambate isine jan gedem-gedem ndemenaake. Dina iku klakon apek telung luwangan di godhog. Pas Krewul liwat pawon bapake cluluk,"Ora usah melu mangan Wul... paling telane ora enak... mambu!!"
Krewul mung meneng, karo mrengut.
Setengah jam Krewul liwat pawon maneh, sepi. Panci sik kanggo nggodog tela rambat isih mangkreng najan genine wis mati. Kanti dedemitan Krewul nyedak, mbukak tutup panci nuli ngentut neng panci isi tela lan gageyan ditutup maneh, Nuli gegancangan ndelik.
Ora suwe bapakne karo embokne teka, wong loro nuli mbukak tutup panci.
"Hoeeeeeek, khok ambune kaya ngene bune???"
"Bener kandane Krewul biyen.....bacin pol..... wis wenehna Krewul kabeh.. genah ora enak dipangan iki!!! jan Trembelane tenan!!"
%^%&*&^&&%^%$%$%$%#%$%(__)++**%#............. Krewul kemekelen

0 komentar:
Posting Komentar