Jumat, 10 Mei 2013

gara-gara lalenan

Jaman isih sekolah mbiyen Krewul kost. kamar wolu isi bocah nembelas, kamar mandine mung loro. Mula aduse mesthi ngantri. Bubar adus kuabeh perlengkapan mandi pribadi kudu digawa balik neng kamar. Krewul iku lalenan, mula saben metu saka kamar mandi, ana wae sik keri, mbuh sikat, sabun utawa anduk. Mula kancane sekamar nduwe ide.Nalika arep adus Krewul digawani catetan apa sik kudu digawa metu saka kamar mandi.
Rampung adus krewul mbethut nyetitekake catetan apa sik kudu digawa.Kabeh wis dicekel, mula kanti mongkok deweke bengok-bengok sora,"Wis ora ana sik keri tenan saiki!!!!!" Wong sak kosan metu kabeh namatne Krewul kang metu saka kamar mandi. Anduk, sikat, siwur, sabun, sampo kabeh ora ana sik lali.
Nanging......................???????????????
Kuaaabeh pada ngguyu kemekelen, Krewul lali durung klamben lan kathokan....... mblindis isih wuda!!!!!!!!
#@#%$$#%$#$&^&^%&*^&%&^%$#
Foto: Jaman isih sekolah mbiyen Krewul kost. kamar wolu isi bocah nembelas, kamar mandine mung loro. Mula aduse mesthi ngantri. Bubar adus kuabeh perlengkapan mandi pribadi kudu digawa balik neng kamar. Krewul iku lalenan, mula saben metu saka kamar mandi, ana wae sik keri, mbuh sikat, sabun utawa anduk. Mula kancane sekamar nduwe ide.Nalika arep adus Krewul digawani catetan apa sik kudu digawa metu saka kamar mandi.
Rampung adus krewul mbethut nyetitekake catetan apa sik kudu digawa.Kabeh wis dicekel, mula kanti mongkok deweke bengok-bengok sora,"Wis ora ana sik keri tenan saiki!!!!!" Wong sak kosan metu kabeh namatne Krewul kang metu saka kamar mandi. Anduk, sikat, siwur, sabun, sampo kabeh ora ana sik lali.
Nanging......................???????????????
Kuaaabeh pada ngguyu kemekelen, Krewul lali durung klamben lan kathokan....... mblindis isih wuda!!!!!!!!
#@#%$$#%$#$&^&^%&*^&%&^%$#

0 komentar:

Posting Komentar

Postingan Populer

Popular Posts