Selasa, 05 November 2013

nasib awak lagi untung

Akhire bapakne mBojrot sida priksa nang Puskesmas, mangkat dewe, isih esuk senajan rada lemes akhire yo tekan puskesmas sing manut pikirane singkatan saka PUSing KESleo MASuk angin. Antri rada dawa mula mulihe rada awan. sawise dipriksa di wenehi obat, bapakne mBojrot mulih mlaku. srengenge jam 10.00 kaya mecahne gundul, dasar awak lagi lara. Mula lagi mlaku sedela deweke wis kliyengan, ning ya dipeksa mlaku wae senajan kringete gobyos ora karuwan. Tekan ngarep pabrik mie putih duweke china deweke ora kuwat tenan mula menggok nggloso neng emperane gedung pabrik mau.Lenger-lenger panone klemun-klemun.................. Ndadak ana wong lanang setengah umur nganggo dasi teka karo muring-muring.
"Trembelane.. wayahe kerja malah klesedan ana kene..... kowe niyat kerja apa ora???" ujare wong mau santak.
"mmmmm...mmppnmmm......."bapakne mBojrot blangkemen.
"Wis nek ora niyat kerja.. saiki uga kowe tak pecat...... iki pesangonmu, niung sesuk aja wani-wani bali kerja neng kene maneh!!!!"ujare wong mau karo nguncalne duwit atusan ewon telung lembar. Senajan lemes bapakne mBojrot krengkel-krengkel njupuk duwit mau karo enggal sumingkir saka papan kono.
"hmmmmm... rejekiiiiiiii........." batine bungah.
@#$%^&*&^%$#$%^&*(*&^%$#$%^&*
 — bersama Cak Trisaja dan 49 lainnya.
Foto: Akhire bapakne mBojrot sida priksa nang Puskesmas, mangkat dewe, isih esuk senajan rada lemes akhire yo tekan puskesmas sing manut pikirane singkatan saka PUSing KESleo MASuk angin. Antri rada dawa mula mulihe rada awan. sawise dipriksa di wenehi obat, bapakne mBojrot mulih mlaku. srengenge jam 10.00 kaya mecahne gundul, dasar awak lagi lara. Mula lagi mlaku sedela deweke wis kliyengan, ning ya dipeksa mlaku wae senajan kringete gobyos ora karuwan. Tekan ngarep pabrik mie putih duweke china deweke ora kuwat tenan mula menggok nggloso neng emperane gedung pabrik mau.Lenger-lenger panone klemun-klemun.................. Ndadak ana wong lanang setengah umur nganggo dasi teka karo muring-muring.
"Trembelane.. wayahe kerja malah klesedan ana kene..... kowe niyat kerja apa ora???" ujare wong mau santak.
"mmmmm...mmppnmmm......."bapakne mBojrot blangkemen.
"Wis nek ora niyat kerja.. saiki uga kowe tak pecat...... iki pesangonmu, niung sesuk aja wani-wani bali kerja neng kene maneh!!!!"ujare wong mau karo nguncalne duwit atusan ewon telung lembar. Senajan lemes bapakne mBojrot krengkel-krengkel njupuk duwit mau karo enggal sumingkir saka papan kono.
"hmmmmm... rejekiiiiiiii........." batine bungah.
@#$%^&*&^%$#$%^&*(*&^%$#$%^&*

0 komentar:

Posting Komentar

Postingan Populer

Popular Posts