Kamis, 17 Juli 2014

Sekrup Ban

Kelase mBojrot bar nampa rapot wingi plesiran, nyewa colt bak disopiri kang Mardi Lontrong. Nalika lagi budal tekan alas nDadapan dadak ban ngarep kiwa nggembos. Pak Guru dulhak lan cah-cah kabeh mudun. kAng Mardi Lontrong njupuk ban serep terus nyopot ban sing gembos. Bocah-bocah pada seneng-seneng ora peduli karo ban sing gembos. dasare alas nDadapan edum tenan. pada oyak-oyakan glibedan neng cedake kang Mardi Lontrong sing kemringet. Dongkrak wis dipasang ban disiapne ditemplokne neng dudukane. Nanging............................!!!????
"heeee cahhhhh sapa sing ngerti sekrup papat neng kene mau...??"
"horoooo...... dek wau dingge uncal-uncalan kang??"
"saiki nang ndi cuaaahhh??"
"di babitne ten sor pathuk niko...... wau ngge lomba adoh-adohan nguncalne...!!!"
"Trembelane......... terus iki piye ????"
Kang Mardi Lontrong mbingungi, pak guru dulha yo ora ngerti piye carane ale arep ngakali.
"Bocah-bocah kabeh iki plesire kepeksa gagal, awit ora mungkin mobil iki mlaku tanpa ban disekrup... mesthi copot....... iki marga saka kowe kabeh sing sembrono....... wis saiki awake dewe kudu mlaku nang teleng saka nDadapan kene??"
"lha khok ndadak mlampah to pak guru?"pitakone mBojrot.
"owalaaaaaa......goblog temen kowe nJrooottt...... wis gek ayo mlaku kabeh!!!"
Kabeh ngetut wuri lakune pak Guru Dulhak, ning mBojrot tetep ora gelem melu.. nganti di unekne bocah ndugal nyang pak guru Dulhak.
"lha karepmu kuwi kepriye... njruooot??" pak guru dulhak nganti getem-getem.
"lha niku ngakaline rak gampil to pak....... sekrup sing ten ban sanes dipendet setunggal-setunggal... rak saged ngge masang ban sing niki........... terus mangke nek liwat bengkel ditumbasne...!!!"
Pak Guru Dulhak lan kang Mardi lontrong pandeng pandengan.
"oh iyaaaaa yaaaaa...... jan!!!!"meh koor wong loro kuwi ale muni. Nuli kang Mardi lontroing tumandang gawe.
"wah gene pikiranmu mathuk nJrooot...!!!"
"kula niki ndugal pak guru ..ning mboten goblog kados sedaya sing ten mriki niki wau...!!!!"
Pak Guru Dulhak ora wani cemuwit ngrumangsani gobloge.........
@#$%^&*()_)(*&^%$#$%^&*()_+_)(*&%$#$%^&*(
 — bersama Siti Narimahdan 49 lainnya.

Foto: Kelase mBojrot bar nampa rapot wingi plesiran, nyewa colt bak disopiri kang Mardi Lontrong. Nalika lagi budal tekan alas nDadapan dadak ban ngarep kiwa nggembos. Pak Guru dulhak lan cah-cah kabeh mudun. kAng Mardi Lontrong njupuk ban serep terus nyopot ban sing gembos. Bocah-bocah pada seneng-seneng ora peduli karo ban sing gembos. dasare alas nDadapan edum tenan. pada oyak-oyakan glibedan neng cedake kang Mardi Lontrong sing kemringet. Dongkrak wis dipasang ban disiapne ditemplokne neng dudukane. Nanging............................!!!????
"heeee cahhhhh sapa sing ngerti sekrup papat neng kene mau...??"
"horoooo...... dek wau dingge uncal-uncalan kang??"
"saiki nang ndi cuaaahhh??"
"di babitne ten sor pathuk niko...... wau ngge lomba adoh-adohan nguncalne...!!!"
"Trembelane......... terus iki piye ????"
Kang Mardi Lontrong mbingungi, pak guru dulha yo ora ngerti piye carane ale arep ngakali.
"Bocah-bocah kabeh iki plesire kepeksa gagal, awit ora mungkin mobil iki mlaku tanpa ban disekrup... mesthi copot....... iki marga saka kowe kabeh sing sembrono....... wis saiki awake dewe kudu mlaku nang teleng saka nDadapan kene??"
"lha khok ndadak mlampah to pak guru?"pitakone mBojrot.
"owalaaaaaa......goblog temen kowe nJrooottt...... wis gek ayo mlaku kabeh!!!"
Kabeh ngetut wuri lakune pak Guru Dulhak, ning mBojrot tetep ora gelem melu.. nganti di unekne bocah ndugal nyang pak guru Dulhak.
"lha karepmu kuwi kepriye... njruooot??" pak guru dulhak nganti getem-getem.
"lha niku ngakaline rak gampil to pak....... sekrup sing ten ban sanes dipendet setunggal-setunggal... rak saged ngge masang ban sing niki........... terus mangke nek liwat bengkel ditumbasne...!!!"
Pak Guru Dulhak lan kang Mardi lontrong pandeng pandengan. 
"oh iyaaaaa yaaaaa...... jan!!!!"meh koor wong loro kuwi ale muni. Nuli kang Mardi lontroing tumandang gawe. 
"wah gene pikiranmu mathuk nJrooot...!!!"
"kula niki ndugal pak guru ..ning mboten goblog kados sedaya sing ten mriki niki wau...!!!!"
Pak Guru Dulhak ora wani cemuwit ngrumangsani gobloge.........
@#$%^&*()_)(*&^%$#$%^&*()_+_)(*&%$#$%^&*(

0 komentar:

Posting Komentar

Postingan Populer

Popular Posts