Kamis, 17 Juli 2014

Sendaren gatutkaca

awan iku mBojrot dikongkon nyemir sendale bapakne... jare arep dinggo kondangan mengko bengi. Wah hawane wong pasa rasane lemes, liyep-liyep si mBojrot ...............
"groooobyaaaaaaaakkkkk.....!!!!"
mBojrot kaget njumbul nganti sirahe natap pyan, dheweke plilengan sedela. Nuli mak bedunduk ana pawongan rimbis njedul neng ngarepe.......
"gggg.... njenengan rak raden gatutkaca sing keplintheng kula riyin tooo??"
"bener nJrooottt........... isih kelingan kowe!!!??"
"tesih raden......... lhaaa kenging menapa khok sajak dingklang??"
"owalaa njRooottt ... iki mau aku niyup saka dirgantara, arep medun nang lapangan kisul kae ndadak ana layangan, nganti sikilku kejiret benang gelasan, tiba glangsaran aku nang pawuhan.......!!"
"biyuhhh melas temen njenegan raden gatutkaca......!!!"
"ning ora papa kimau wis tak wenehi yodium tintir lehku njupuk neng pos ronda... iki omahmu yo nJrooottt........ geneng elek temen??"
" nggih ngaten niki kawontenane griya kula raden...... lerese bapak tahun wingi nggih mpun bade mbangun... ning gagal!!!"
"lhooo apa sebabe gagal nJroootttt... apa kurang biayane??"
"mboten raden, sebabipun bapak sampun tumbas gamping kalih trek, ning gagal kangge mbangun griya awit gamping kalih trek kalawau ditelasne simbah kangge nginang...!!!!"
"biyuuhhhh trembelane... ndah ale nyepor lambene mbahmu njRooottt............ aku tak nunut turu disik yo nJrooottt!!!"
"monggo raden... dipun sekecaaken..!!!"
______________________________________________
Ana sakjam raden gatutkaca turu, bareng tangi langsung pamitan mBojrot nuli mabur ing ngawiyat...... Ngiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiinnnggggggggg.
Swarane mbrebegi kuping.
Mbojrot ngguyu kekelen,"huahahahahahahaha apiikkkkk swisine raden gatutkaca tak pasangu sendaren.,...... jan swarane semriwing mbrebegi kuping ... huahahahahahahahahahahahahaha!!!!"

"nJrooottt tangiiiiii.... jabang bayik dikon nyemir sendale bapakne malah turuuuuuuu......... haiyuuhhhhhh malah semire gluprat neng rai..... jan sikat semir yo diemutttttttt..... tangiiiiiiii...!!!" ujare simbokne mBojrot sora.
@#$%^&*()_)(*&^%$#$%^&*()_)(*&^%$#$%^&*((*&^%$#
 — bersama Siti Narimah dan 48 lainnya.

Foto: awan iku mBojrot dikongkon nyemir sendale bapakne... jare arep dinggo kondangan mengko bengi. Wah hawane wong pasa rasane lemes, liyep-liyep si mBojrot ...............
"groooobyaaaaaaaakkkkk.....!!!!"
mBojrot kaget njumbul nganti sirahe natap pyan, dheweke plilengan sedela. Nuli mak bedunduk ana pawongan rimbis njedul neng ngarepe.......
"gggg.... njenengan rak raden gatutkaca sing keplintheng kula riyin tooo??"
"bener nJrooottt........... isih kelingan kowe!!!??"
"tesih raden......... lhaaa kenging menapa khok sajak dingklang??"
"owalaa njRooottt ... iki mau aku niyup saka dirgantara, arep medun nang lapangan kisul kae ndadak ana layangan, nganti sikilku kejiret benang gelasan, tiba glangsaran aku nang pawuhan.......!!"
"biyuhhh melas temen njenegan raden gatutkaca......!!!"
"ning ora papa kimau wis tak wenehi yodium tintir lehku njupuk neng pos ronda... iki omahmu yo nJrooottt........ geneng elek temen??"
" nggih ngaten niki kawontenane griya kula raden...... lerese bapak tahun wingi nggih mpun bade mbangun... ning gagal!!!"
"lhooo apa sebabe gagal nJroootttt... apa kurang biayane??"
"mboten raden, sebabipun bapak sampun tumbas gamping kalih trek, ning gagal kangge mbangun griya awit gamping kalih trek kalawau ditelasne simbah kangge nginang...!!!!"
"biyuuhhhh trembelane... ndah ale nyepor lambene mbahmu njRooottt............ aku tak nunut turu disik yo nJrooottt!!!"
"monggo raden... dipun sekecaaken..!!!"
______________________________________________
Ana sakjam raden gatutkaca turu, bareng tangi langsung pamitan mBojrot nuli mabur ing ngawiyat...... Ngiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiinnnggggggggg. 
Swarane mbrebegi kuping.
Mbojrot ngguyu kekelen,"huahahahahahahaha apiikkkkk swisine raden gatutkaca tak pasangu sendaren.,...... jan swarane semriwing mbrebegi kuping ... huahahahahahahahahahahahahaha!!!!"
______________________________________________
"nJrooottt tangiiiiii.... jabang bayik dikon nyemir sendale bapakne malah turuuuuuuu......... haiyuuhhhhhh malah semire gluprat neng rai..... jan sikat semir yo diemutttttttt..... tangiiiiiiii...!!!" ujare simbokne mBojrot sora.
@#$%^&*()_)(*&^%$#$%^&*()_)(*&^%$#$%^&*((*&^%$#

0 komentar:

Posting Komentar

Postingan Populer

Popular Posts