Kamis, 17 Juli 2014

gawa hp dipateni

Trawehan dina kapapat, mBojrot mlaku dewe nang masjid. Tekan ngarepe konter "COLOR PEDOT" deweke diceluki kang Mustamid.
"nJroottt..... iki titip HP-ne bapakmu, wis dadi....mbayare sesuk wae!!"
mBojrot nampani HP iku terus dikampek, ngethipleng nuju mesjid. Ndlusup-ndlusup akhire bisa tekan saff ngarep dewe cedak imam.
"hmmmm sida entuk ndas onta aku..!!" batine karo mesem.
Sadurunge Shalat diwiwiti imame pak Modin Digul Makdum sing brengose njlaprang iku noleh memburi.
"saaf supaya dilurusake......... sing nggawa HP cepet gek dipateni..!!" ujare karo mencereng.
mBojrot pucet saknalika, nuli ndungkluk mlayu nyrunthul ing antarane para jamaah metu saka mesjid. Ambegane krenggosan kegawa saking wedine. Nuli lungguh theloh-theloh neng ngarep Masjid.
"untung aku bisa mlayu metu... nek ora bisa sida dadi bathang tenan aku.......... imam khok ale kejem, mosok mung nggawa HP we arep dipateni...... jan!!!!!"
#$%^&*()(*&^%$#$%^&*()_(*&^%$#$%^&*()*&^%
 

Foto: Trawehan dina kapapat, mBojrot mlaku dewe nang masjid. Tekan ngarepe konter "COLOR PEDOT" deweke diceluki kang Mustamid.
"nJroottt..... iki titip HP-ne bapakmu, wis dadi....mbayare sesuk wae!!"
mBojrot nampani HP iku terus dikampek, ngethipleng nuju mesjid. Ndlusup-ndlusup akhire bisa tekan saff ngarep dewe cedak imam. 
"hmmmm sida entuk ndas onta aku..!!" batine karo mesem.
Sadurunge Shalat diwiwiti imame pak Modin Digul Makdum sing brengose njlaprang iku noleh memburi.
"saaf supaya dilurusake......... sing nggawa HP cepet gek dipateni..!!" ujare karo mencereng.
mBojrot pucet saknalika, nuli ndungkluk mlayu nyrunthul ing antarane para jamaah metu saka mesjid. Ambegane krenggosan kegawa saking wedine. Nuli lungguh theloh-theloh neng ngarep Masjid.
"untung aku bisa mlayu metu... nek ora bisa sida dadi bathang tenan aku.......... imam khok ale kejem, mosok mung nggawa HP we arep dipateni...... jan!!!!!"
#$%^&*()(*&^%$#$%^&*()_(*&^%$#$%^&*()*&^%

0 komentar:

Posting Komentar

Postingan Populer

Popular Posts