Kamis, 17 Juli 2014

wong pasa

Pasa dina kang kaping papat, mBojrot dijak bulik-e nyang Solo. Budal saka Krajan tengah Punung isih esuk uthug-uthug numpak bis Aneka Jaya. Jare Bulike mengko arep ditukokne kaos dinggo lebaran. Wah kaya ngapa senenge atine mBojrot.
Tekan Solo langsung mlebu Toko Matahari ning Purwosari, jan si mBojrot kamitenggengen. Toko khok gedhene eram. Gek barange apik-apik pol. Panggonan pakeyan ana ing lantai loro, mula kudu munggah liwat eskalator. mBojrot tansaya mlongo ndelengne tangga khok bisa mlaku dewe ndlidir munggah. Jan nganti ngowoh ketes-ketes owehe bareng ngerti bulike wis nang ndhuwur tanga jalan iku jenthir-jenthir mlaku mungggah.
"ayo njroot ... rene..... munggah!!!"ujare bulike saka ndhuwur.
mBojrot nyedaki eskalator iku, ning dheweke ragu... pucuk sikile bola-bali dinunulke nang tangga sing mlaku iku. ning ora wani munggah. Sepisan maneh dheweke ngangkat sikile ...alon ditapakake tangga sing pating jredul saka lantai. ning pisan iki malah srandale sing ucul. Sandal sesisih iku jenthit-jenthit malyu munggah dhewe. mBojrot nangis kejret. Kepeksa Bulike mbaleni mudhun.
____________________________________________________
bAr ashar mBojrot karo bulike lagi mulih saka Solo numpak Aneka Jaya Maneh. Tekan ngomah mBojrot crita ngethuprus marang bapakne.
"Pak mau neng solo ki ana andha sing bisa mlaku hlo pak..... jan nyenengke tenan, gek neng jero toko ki adeeeeeemmm kae padhahal srengengene menthor... menthor...... !!"
"Waaah seneneg yo kowe cah dijak nglencer karo bulikmu!!"
"yo seneng pak,... ning aku nggumun hlo pak, neng solo ora kaya neng kene.... nek neng kene ki wayah sasi poso lak pada isinan ora ana wong mangan utawa ngombe neng njaba. kabeh ngurmati sing pada pasa......!!!"
"husss...... aja ngedabrusss...... lha khok kowe ngerti saka ngendi yen nang solo kuwi kaya ngono.....!!!"
"mau hlo pak awan mau ... pas aku maem soto nang terminal.......!!!"
@#$%^&*()(*&^%$#$%^&*()(*&^%$#$%^&*(*&^%$##$%^&*(*&^%$#
 

Foto: Pasa dina kang kaping papat, mBojrot dijak bulik-e nyang Solo. Budal saka Krajan tengah Punung isih esuk uthug-uthug numpak bis Aneka Jaya. Jare Bulike mengko arep ditukokne kaos dinggo lebaran. Wah kaya ngapa senenge atine mBojrot. 
Tekan Solo langsung mlebu Toko Matahari ning Purwosari, jan si mBojrot kamitenggengen. Toko khok gedhene eram. Gek barange apik-apik pol. Panggonan pakeyan ana ing lantai loro, mula kudu munggah liwat eskalator. mBojrot tansaya mlongo ndelengne tangga khok bisa mlaku dewe ndlidir munggah. Jan nganti ngowoh ketes-ketes owehe bareng ngerti bulike wis nang ndhuwur tanga jalan iku jenthir-jenthir mlaku mungggah.
"ayo njroot ... rene..... munggah!!!"ujare bulike saka ndhuwur.
mBojrot nyedaki eskalator iku, ning dheweke ragu... pucuk sikile bola-bali dinunulke nang tangga sing mlaku iku. ning ora wani munggah. Sepisan maneh dheweke ngangkat sikile ...alon ditapakake tangga sing pating jredul saka lantai. ning pisan iki malah srandale sing ucul. Sandal sesisih iku jenthit-jenthit malyu munggah dhewe. mBojrot nangis kejret. Kepeksa Bulike mbaleni mudhun.
____________________________________________________
bAr ashar mBojrot karo bulike lagi mulih saka Solo numpak Aneka Jaya Maneh. Tekan ngomah mBojrot crita ngethuprus marang bapakne.
"Pak mau neng solo ki ana andha sing bisa mlaku hlo pak..... jan nyenengke tenan, gek neng jero toko ki adeeeeeemmm kae padhahal srengengene menthor... menthor...... !!"
"Waaah seneneg yo kowe cah dijak nglencer karo bulikmu!!"
"yo seneng pak,... ning aku nggumun hlo pak, neng solo ora kaya neng kene.... nek neng kene ki wayah sasi poso lak pada isinan ora ana wong mangan utawa ngombe neng njaba. kabeh ngurmati sing pada pasa......!!!"
"husss...... aja ngedabrusss...... lha khok kowe ngerti saka ngendi yen nang solo kuwi kaya ngono.....!!!"
"mau hlo pak awan mau ... pas aku maem soto nang terminal.......!!!"
@#$%^&*()(*&^%$#$%^&*()(*&^%$#$%^&*(*&^%$##$%^&*(*&^%$#

0 komentar:

Posting Komentar

Postingan Populer

Popular Posts