Kamis, 17 Juli 2014

sopir bis

Wis seminggu mBojrot neng omahe bulike neng Solo, awan iku deweke diterke neng terminal Tirtonadi ditumpakne bis kon mulih dewe nang pacitan. entuk lungguhan rada tengah. Ora suwe ana wonglanang karo anake cilik lungguh neng sandinge. Bis nuli mlaku metu saka kutha Solo. Maune mBojrot ora nggatekne penunmpang neng sisihe iku. Ning bareng keprungu swara sesenggrukan kaya wong nangis dheweke noleh. Katon Wong lanang karo anake cilik iku nangis mingseg-mingseg. "paklik khok muwun kenging napa...... ngendikane simbok tiyang jaler mboten angsal nangis!!"ujare mBojrot. Wong lanang iku nuli noleh nguwaske mBojrot mandeng suweee tanpa kedep. "owalaahhh nang nasipku iki khok kaya ngene...!!!" "lha kepripun to paklik??" "ngene tak critani yo leee cah bagus.........aku iki sopir bis antar propinsi, aku rabi karo bocah lulusan SMA yo ibune anakku iki. Bareng dadi bojoku, dheweke njaluk kuliah. dak ragati saking tresnaku karo bojo, nganti lulus sarjana. Njaluk omah yo tak gawekne. Bareng ana tes PNS deweke ketrima dadi PNS. Aku seneng nang bisa nuruti pepinginane bojoku kang dak tresnani..........." "menawi remen khok sakniki malah nangis to paklik??" "ngene nang, dek wingi ora ngerti sangkane bilahi bojoku ngomong njaluk pegat...........jare ora pantes PNS khok duwe bojo sopir, terus aku ditundung minggat.......... !!" "lhaa niku lak griyo njenegan to paklikk....!!" "omah kuwi wis taksertipikatake jenege bojoku nang...!!!"ujare wong lanang mau kamisesegen.mBojrot mung plingak-plinguk ora ngerti apa sing arep ditindakake. Cobi sederek miturut panjenengan kepripun?? #$%^&*()(*&^%$#$%^&*()_)(*&^%$%^&*()_)(*&^%$#$%^&*()(*&^%
 

Foto: Wis seminggu mBojrot neng omahe bulike neng Solo, awan iku deweke diterke neng terminal Tirtonadi ditumpakne bis kon mulih dewe nang pacitan. entuk lungguhan rada tengah. Ora suwe ana wonglanang karo anake cilik lungguh neng sandinge. Bis nuli mlaku metu saka kutha Solo. Maune mBojrot ora nggatekne penunmpang neng sisihe iku. Ning bareng keprungu swara sesenggrukan kaya wong nangis dheweke noleh. Katon Wong lanang karo anake cilik iku nangis mingseg-mingseg. "paklik khok muwun kenging napa...... ngendikane simbok tiyang jaler mboten angsal nangis!!"ujare mBojrot. Wong lanang iku nuli noleh nguwaske mBojrot mandeng suweee tanpa kedep. "owalaahhh nang nasipku iki khok kaya ngene...!!!" "lha kepripun to paklik??" "ngene tak critani yo leee cah bagus.........aku iki sopir bis antar propinsi, aku rabi karo bocah lulusan SMA yo ibune anakku iki. Bareng dadi bojoku, dheweke njaluk kuliah. dak ragati saking tresnaku karo bojo, nganti lulus sarjana. Njaluk omah yo tak gawekne. Bareng ana tes PNS deweke ketrima dadi PNS. Aku seneng nang bisa nuruti pepinginane bojoku kang dak tresnani..........." "menawi remen khok sakniki malah nangis to paklik??" "ngene nang, dek wingi ora ngerti sangkane bilahi bojoku ngomong njaluk pegat...........jare ora pantes PNS khok duwe bojo sopir, terus aku ditundung minggat.......... !!" "lhaa niku lak griyo njenegan to paklikk....!!" "omah kuwi wis taksertipikatake jenege bojoku nang...!!!"ujare wong lanang mau kamisesegen.mBojrot mung plingak-plinguk ora ngerti apa sing arep ditindakake. Cobi sederek miturut panjenengan kepripun?? #$%^&*()(*&^%$#$%^&*()_)(*&^%$%^&*()_)(*&^%$#$%^&*()(*&^%

0 komentar:

Posting Komentar

Postingan Populer

Popular Posts